Namaning serat waosan punika : Djoḍo kang pinasṭi. Mirit ungel-ungelaning wewarah sampun tjeṭa, djoḍo ingkang makaten punika anotjogi kados kadjenging ungel-ungelan : djoḍo (bodjo) punika sanès dedamelaning manungsa, limrahipun ing utjap, atas saking kaparenging Pangéran.